Ageman kejawen
Ageman/sandhangan miturut kejawen utawi budaya jawi
menika sandhangan lahir saha sandhangan batin.
a)
Sandhangan lahir
Tumrap manungsa sampun
mastani ing unen-unen “ajining raga ana
busana” dados raga saget dipun ajeni utawi dipun aosi menawi manungsa menika
tansah hanjagi wontenipun busana ingkang kangge.
b)
Sandhangan batin
Kiyating raos hanampi sadaya
panandhanging gesang sae menika kabingahan menapa dene kasisahan.
Kinanthi punika ageman Jawi dados pepenget tumrap
sok sintena kemawon ingkang hangrasuk busana Jawi kedah mangertos werdi sarta trep-trepanipun mangagem utawi
mangangge kaajab badhe dipun tuntun kaliyan makna sinandhi ingkang sumimpen
wonten ing ageman jawi.
A. Ageman
Temanten Putri Gagrag Yogyakarta
Gubernur
ing saben candra Agustus. Ananging owah-owahan sabanjuripun ageman puniki
kathah dipungunakake kanggo ageman temanten. Corak Ngayogya Putri puniku diagem
nalika ngundhuh mantu ingkang ditindakake gangsal dinten saksapunipun akad nikah.Ageman Temanten Putri Gagrag Yogyakarta kaperang dados :
1. Riasan
Sanggul

Rikmanipun temanten setri dipundamel kadosta
bokor tengkurep saengga dipunamiaken bokor mengkurep. Sanggul rikma, dipunisi
irisan ron pandan ugi dipuntutup roncenan sekar melati. Ron pandan ugi sekar
melati gadhai makna mancaraken wewangian ingkang kesanipun religius saengga
penganten dipunkarepaken saged mbeta asma sae woten bebrayan.
Gelung
Bokor mengkurep dipunsempurnaaken maleh kaliyan jebehan, inggih menika sekar
korsase cacahipun 3 werniipun abrid, kuning, biru utawi ijem ingkang
dipunrangke dados satunggal ugi diunpasang wonten sisih kiwo manengen. sekar
korsase cacahipun 3 nglambangaken trimurti yaiku dewa Siwa, Brahma lan Wisnu.
Wonten
saktengahipun sanggul dipunsukani sekar abrid ingkang kasebut ceplok, ugi kereng ugi tengen ceplok puniku
dipunselipaken bros emas. Wonten perangan ngandap radi nengen sanggul
diunpasang roncen sekar melati awujud klale gajah dawanipun 40 cm. Niku wau
dipunnamiaken gajah ngoling. Hiasan puniki nggadahi makna ingkang nunjukken
kasucen,dados putri ugi kesucen niat ngelampahi gesang.
2. Riasan
Pasuryan
a. Paes

b. Citak

c. Alis Menjangan
Inggih
menika alis ingkang awujud tanduk
kidang.
Amargi, kidang inggih menika kewan ingkang
licah,
pinter ugi kalem. Tiyang
Setri kedah gadahi 3 karakter
punika.

3. Penganggen
Penganggen
ingkang dipun agem temanten putri dipunsebat Raja Kaputren. Penggangen punika
kadamel saking kencana ugi mutiara ingkang karancang nganggem seni ingkang adi
luhung. Penganggen ingkang jangkep punika werninipun :
a.
Cunduk Mentul

b.
Pethat/ jungkat bentuk
gunung

c.
Kalung Sungsun ( kalung telung
susun)

d.
Gelang Binggel Kana

e.
Kelat Pundak
Wujudipun
naga ingkang sirah ugi buntut nglilit ingkang nglambangaken manunggalipun rasa
ugi pikiran ingkang nekakaken kekuatan wonten panguripan.

f.
Centhung

g.
Ali-Ali

4. Ageman

Sakliyanipun
kain dawa, temanten putri ngagem agemanndalem ugi slendang alit (udet)
awujudipun kain sutra gambaripun cindhe. Miturut carita gambar menika
nglambangaken sisik naga inggih menika
simbol kadegdayan. Sumber liyanipun nyeritaaken gambar cindhe kagem pakurmatan dening dewi
Sri inggih menika dewi kesuburan ugi kemakmuan (dewi padi).
5. Selop
Bludiran
puniki kadamel saking kain bludru
ingkang warninipun cemeng ugi dipunbordir.

B.
Ageman
Adat Jawa Tengah Gagrak Yogyakarta kagem Jaler
Peranganipun
ageman Jawi ingkang dipun gunakaken tiyang
jaler inggih punika :
1)
Blangkon

2)
Surjan
lan Peranakan
1.
Surjan

Bentuk pengageman surjan utawi
busana takwa:
1. Lengen
dawa
2. Pucuking
ageman bentukipun lincip
3. Kerah
duwur, benik cacah 3 pasang utawi 6 iji nggambaraken rukun iman :
1. Iman
marang Allah SWT
2. Iman
marang malaikat
3. Iman
marang kitab-kitab
4. Iman
marang utusan Allah SWT
5. Iman
marang hari kiamat
6. Iman
marang Qada lan Qadar
7. Benik
cacah 2 ing perangan dada ingkang nggambaraken 2 kalimat syahadat.
4. Benik
cacah 3 ingkang katutup ing perangan ulu ati nggambaraken 3 nafsu manungsa :
a. Nafsu
Bahimah (hewani)
b. Nafsu
Laumah (mangan lan nginung)
c. Nafsu
Syaitoniah (setan)
Jenis- Jenis Surjan
§ Surjan
Lurik
Surjan
lurik inggih menika surjan ingkang bakal kainipun sakingkain lurik. Surjan lurik
minangka seragam jawata lan tiyang
biasa. Surjan lurik nggadhahi motif garis-garis.
§ Surjan
Ontrokusuma
Surjan ontrokusuma minangka busana para
bangsawan Mataram.
b)
Peranakan
Pangageman
peranakan inggih menika jangkep wadah bayi, rahim ibu, keturunan, kadang,
saudara, prepat, ugi abdi terdekat lan punakawan. Pangageman Peranakan didamel
ngagem bakal kain lurik tenun pengkol kanthi warna dasar biru tua nyeraki
cemeng ugi nggadhahi telung garis vertikal biru enom lan sekawan garis biru tua
utawi Telupat ingkang nggadhahi teges kewulu minangka prepat (pengiring) utawi
rinengkuh dados kadang ing antawisipun Abdi Dalem setunggal sanesipun kaliyan
Hingingkang Sinuwun Kanjeng Sultan.
Ageman Peranakan
nggadhahi lengen dawa, kerah dhuwur kanthi benik 3 pasang, lan benik gangsal
wonten ing ageman ingkang tegesipun rukun islam inggih menika syahadat, sholat,
puasa, zakat, lan haji.
3.
Setagen Cinde utawi Setagen Polos Berwarna

Setagen
nggadahi teges nata awak supados tegap lan santun anggonipun unggah-ungguh.
Supados dados tiyang menika kedhah tegap lan santun unggah-ungguhipun.
Cara
ngagem setagen ugi sinebut lonthong inggih menika gulungan wonten ing dhuwur
tangan banjur diubetaken sewates cethik saking tengen mengiwa namung saksap.
4.
Kamus Timang

Timang nggadhahi teges supados ilmu ingkang
dientukaken kedhah dipahami kanthi jelas lan boten wonten rasa samang.
5.
Keris Branggah utawi Gayaman

Istilah
wonten ing perkerisan inggih menika :
a.
Angsar
Daya kasekten ingkang dipercaya dening
seperangan tiyang wonten ing sajroning keris. Daya punika boten saget ditonton
ananging saget dirasakaken dening tiyang ingkang percaya. Angsar saget
nggadhahi pengaruh kang becik ugi sewalikipun. Dasaripun sedanten keris nggadhahi
angsar becik nanging angsar punika dereng mesti cocok kagem saben tiyang.
Misalipun, keris ingkang nggadhahi angsar becik kagem prajurit mesti boten cocok
menawi dinggadhahi dening pedagang. Guna mangerteni angsar keris dibutuhaken
ilmu tanjeg lan guna mangerteni cocok botenipun angsar keris dibutuhaken ilmu
tayuh.
b.
Dapur
Dapur
inggih menika istilah ingkang diagem kangge nyebutaken nami bentuk utawi tipe
bilah keris. Misalipun, keris kanthi dapur Tilam Upih, tiyang bakalan langsung
mangerteni maksudipun inggih menika keris lurus dede keris ingkang ngagem luk.
Serat Centini, salah
sawijining sumber ingkang kaanggep pedoman dapur keris ingkang pakem nggadhahi
rincian jumlah dapur keris, inggih menika :
1) Keris
lurus ana 40 jenis dapur.
2) Keris
luk telu ana 11 jenis dapur.
3) Keris
luk lima ana 12 jenis dapur.
4) Keris
luk pitu ana 8 jenis dapur.
5) Keris
luk sanga ana 13 jenis dapur.
6) Keris
luk sewelas ana 10 jenis dapur.
7) Keris
luk telulas ana 11 jenis dapur
8) Keris
luk limalas ana 3 jenis dapur.
9) Keris
luk pitulas ana 2 jenis dapur.
10) Keris
luk sangalas lan luk rongpuluh ana 1 jenis dapur.
c.
Luk
Luk
inggih menika istilah kagem keris ingkang boten lurus utawi berlekuk. Luk
wonten ing keris jumlahipun mesti gasal saking angka 1 ngantos 13, keris punika
sinebut keris normal. Keris boten normal sinebut keris kalawijan utawi palawijan.
Irama luk keris diperang dados telung golongan inggih menika kemba utawi samar,
sedeng utawi sedang, lan rengkol utawi tegas.
d.
Mas
Kawin
Istilah punika jedul amargi masyarakat
percaya menawi keris kedhah cocok marang jodonipun. Menawi cocok tiyang ingkang
nggadhahi keris punika bakal pikantuk keuntungan ugi sewalikipun. Melamar inggih menika istilah menawi sawijining
tiyang badhe mundhut sawijining keris.
e.
Mendak
keris
ingkang dikenal bebrayan Pulau Bali, Jawa, lan Madura. Cincin punika kadamel
saking bakal logam kayata emas, perak kuningan, lan tembaga. Mendak nggadhahi
fungsi inggih menika kemewahan lan
dados pembatas antaranipun perangan ukiran lan warangka.
f.
Pamor
Pamor nggadhahi telung
teges. Kapisan, nyangkut marang bakal kagem damel keris, misalipun pamor meteorit,
pamor Luwu, pamor nikel, lan pamor sanak. Pindho, nyangkut marang bentuk
gambaran keris, misalipun pamor Ngulit Semangka, Beras Wutah, Ri Wader, Adeg,
lsp. Telu, nyangkut teknik pandamelanipun, misalipun pamor mlumah, pamor
miring, lan pamor puntiran.
g.
Pendok
Pendok
nggadhahi fungsi dados pelindung utawi pelapis gandhar inggih menika bagian
warangka keris ingkang kadamel saking kayu lunak, nanging fungsi pendok samenika
namung dados penampil kemewahan. Pendok sederhana kadamel saking kuningan utawitembaga,
nanging pendok mewah kadamel saking perak utawi emas katatah intan berlian. Bentuk pendok wonten macem-macem
inggih menika pendok bunton, blewehan, slorok, lan topengan.
h.
Perabot
Perabot
utawi aksesori keris kayata warangka utawi sarung keris, ukiran utawi hulu
keris, selut utawi pedongkok, lan pendok utawi logam ingkang nglapisi warangka.
i.
Ricikan
Perangan
keris utawi tombak. Ricikan penting sanget amargi nggadhahi kaitan ingkang
rumaket marang dapur lan tangguh keris. Misalipun, keris nggadhahi dapur Jalak
Sangu Tumpeng tanda-tandanipun inggih menika lurus, ngagem gandhik polos,
pejetan, sogokan rangkep, tikel alis, lan tingil. Gandhik polos, pejetan, sogokan
rangkep, tikel alis, lan tingil sinebut ricikan.
j.
Selut
Kaya
mendak kadamel saking emas utawi perak katatah permata. Fungsinipun sewates
dados hiasan ingkang nampilaken kemewahan. Ditonton saking bentuk lan
ukuranipun selut kaperangan dados 2, inggih menika selut njeruk pecel ukuran
alit lan selut njeruk keprok
ukuran ageng.
k.
Tangguh
Tangguh
tegesipun taksiran utawi perkiraan. Ingkang dimaksud inggih menika perkiraan zaman
didamelipun keris punika, panggonipun, lan model didamelipun.
l.
Tanjeg
Tanjeg
inggih menika perkiraan manfaat keris, tombak utawi tosan aji sanesipun.
m. Tayuh
Tayuh
inggih menika perkiraan cocok lan orane angsar keris marang tiyang ingkang
nggadhahi keris punika.
n.
Ukiran
Ukiran tegesipun gagang
utawi hilt. Gagang keris ing Bali sinebut danganan, gagang keris ing Madura sinebut
landheyan, gagang keris ing
Surakarta sinebut jejeran,
gagang keris ing Yogyakarta sinebut deder.
Gagang keris ing Malaysia, Singapura, lan Brunei Darussalam sinebut hulu keris.
o.
Warangka
Warangka inggih menika sarung keris
ingkang kadamel saking kayu ingkang wonten seratipun lan nggadhahi tekstur
indah. Nanging ing tlatah sanes ugi wonten ingkang kadamel saking gading,
tanduk kerbau, fosil kewan purba. Warangka wonten 2 jenis, inggih punika :
1.
Warangka
Surakarta
Warangka
Surakarta biasanipun kadamel saking kayu cendana wangi utawi cendana Sumbawa.
Pilihan sanesipun inggih menika ngagem kayu trembalo utawi timaha pelet. Warangka
ladrang diperang dados sekawan inggih punika Ladrang Kasatriyan, Ladrang
Kadipaten, Ladrang Capu, lan Ladrang Kacir. Penggunaanipun ladrang Surakarta
inggih punika diagem wekdal upacara, pesta, lan tiyang ingkang ngagem boten ngemban
tugas. Warangka sanes inggih menika gayaman ingkang ugi kaperang dados gangsal
inggih menika Gayaman Gandon, Gayaman Pelokan, Gayaman Ladrang, Gayaman
Bancigan, lan Gayaman Wayang. Pangagemanipun warangka gayaman inggih menika
nalika tiyang ingkang gunakaken keris nglaksanakaken tugas. Warangka sanesipun
inggih menika Sendhang Walikat, bentukipun sederhana lan boten gampang rusak.
Warangka keris punika diagem betha keris nalika wonten ing perjalanan.
2.
Warangka
Yogyakarta
![]() |
Warangka Yogyakarta bentukipun ameh sami Surakarta, nanging ukuranipun luwih alit, gayanipun luwih singset. Warangka ingkang bentukipun sami kaliyan ladrang sinebut Warangka Branggah ingkang kadamel saking kayu trembalo lan timaha. Penggunaanipun sami kaliyan ladrang Surakarta inggih menika diagem wekdal upacara, pesta, lan tiyang ingkang ngagem boten ngemban tugas. Jenis warangka sanesipun inggih menika gayaman, biyen wonten 8 jenis nanging saiki namung wonten 2 inggih menika gayaman ngabehan lan gayaman banaran. Gayaman digunakaken wektu tiyang ingkang ngagem boten tumut kegiatan upacara. Warangka sanesipun inggih menika sandhang walikat ingingkang bentukipun sami kaliyan sandhang walikat gagrak Surakarta.
6.
Jarik
Jarik model
Yogyakarta jenisipun wonten kathah lan nggadhahi tatanan wektu nggunakaken.
a.
Sidoluhur
Motif
Sidoluhur nggadhahi filosofi konjuk nggayuh kelungguhan ingingkang inggil, ugi
angsal dados panutan masyarakat.
b.
Sidomukti
Sidomukti nggadhahi jarwi kemakmuran.
Tiyang ingkang dambakaken nggadhahi gesang ingkang makmur wonten ing donya
utawi akherat. Tiyang gesang ing donya madosi kemakmuran ugi ketentraman.
c.
Sidoasih
Jarwi
saking motif sidoasih inggih menika ajengan kajengipun jalma ngembangaken raos
sami nyayangi ugi ngasihi tresna sesami.
d.
Truntum
Motif
truntum ingkang direka dening Kanjeng Ratu Kencana nggadhahi teges tresna
ingkang tuwuh wangsul. Piyambakipun ngreka motif menika dados simbol tresna
ingkang tulus tanpa syarat, lestantun, ugi dangu saya kraos bawera tumaruntum.
e.
Grompol
Grompol gadhah artos bersatu. Masyarakat
pitados menawi motif serat punika dados simbol saking bersatunipun bab-bab
ingkang nggadhahi sifat kabecikan. Grompol menika pangarepan kumpulipun rejeki,
kebahagiaan, turunan, gesang rukun, lan sanes-sanesipun.
f.
Picis
ceplok gurda
Tembung
gurda asalipun saking tembung garudha inggih menika nami sejenis peksi ageng
ingkang nuruti pemandangan gesang tiyang Jawi khususipun Yogyakarta nggadhahi
kedudukan ingkang wigati sanget. Nuruti tiyang Yogyakarta peksi punika dianggep
dados rejakaya ingkang suci.
g.
Parang
kusumo mangkoro
Parang
kusumo tegesipun bangsawan, mangkoro tegesipun kuluk. Tiyang ingkang ngagem
angsal kalungguhan, keluhuran ugi ditebihaken saking mara bebaya.
h.
Gringsing
mangkoro
![]() |
Sajroning kitab Negarakertagama lan Serat Pararaton, bathik motif gringsing dados motif bathik paling tuo kaliyan ciri khas ingkang nggadhahi puser utawi ingkang karan kaliyan sedulur papat lima pancer. Bathik gringsing nggadhahi filosofi inggih menika keseimbangan, kemakmuran lan kesuburan.
7.
Selop

8.
Penganggen
Penganggen
kayata topi, anggar (panggon keris), rante karset, jam saku, timang/kretep,
rimong ana ing busana pesiar, wulu manuk, kipas, bros lsp.
C. Ageman Temanten Putri Gagrag Solo Estri
a. Ubarampe
Ageman Solo Estri
1. Kebaya

2.
Ungkel utawi sanggul

Ungkel
utawi sanggul inggih menika rikma palsu ugi
rikma asli ingkang dipundamel wujud oval
ugi dipuntempel wonten wingking utawi wonten
mustaka. Salah sawijining sanggul wonten
Jawa Tengah inggih menika sanggul ukel
konde saking daerah Solo. Wonten kala mbiyen wujudipun sanggul punika alit
ugi panggonanipun radi wonten inggil utawi pucuk mustaka.
Jinising sanggul inggih menika ukel ageng
bangun tilak, sanggul bokor mengkurep, lan ukel
konde.
3.
Setagen

Setagen
inggih menika kain tenunan ingkang dhawanipun
4x12 m kagem ngiket menawi ngginaaken kain bathik ingkang
gadahi fungsi. Nanging
saking wujudipun ingkang dhawa punika
wonten nilai- nilai filosofi
ingkang luhur, mujudaken
simbol manungsa ingkang sabar.
4.
Kemben

Kemben
inggih punika ageman ingkang dipunagem
para estri kangge nutupi padaran utawi jaja, ugi gadahi fungsi kagem damel padaran
supados singset. Kemben dipunagem kagem
gantosipun ageman ugi pemepak kagem nutupi
payudara. Kemben sampun dipunagem dening suku
Dayak Ngaju ewonan taun kepungkur.
5. Jarik

6.
Cunduk Jungkat

Cunduk
jungkat inggih punika aksesoris ingkang dipunpasang
saking arah inggil uyeng uyeng. Cunduk jungkat gadhahi nilai
pendidikan awujud
saking keperawanan, saengga menawi penganten
estri ngagem ageman basahan kaliyan cunduk
jungkat wonten mustaka, mula penganten
punika wau taksih perawan. Cunduk jungkat ugi gadahi teges rapi utawi
ketata. Penganten
estri dipunkarepaken saged nata kulawarganipun
saengga kacipta kulawarga sakinah,
mawadah, ugi warohmah.
7.
Cunduk Menthul

Wonten
ing inggilinipun sanggul biasanipun dipuncaosi penganggen liyanipun
kayata Cunduk
Mentul. Cunduk Mentul inggih menika aksesoris
ingkang manggenipun jumeneng wonten
mustaka. Cunduk mentul biasanipun kasusun
saking 5 ngantos 9 bunderan alit. Ananging sejatine saged ugi
jumlahipun 1,3, 5 utawi
9.
Cunduk
mentul ingkang jumlahipun 1 gadhahi pralambang wonten Gusti
ingkang Maha Esa. Cunduk
mentul ingkang jumlahipun 3 gadhahi simbol trimurti. Dene ingkang jumlahe
5 punika pralambang rukum Islam. Menawi jumlahipun 7 dipunarani simbol
pitulungan. Ingkang paling kathah inggih punika 9, gadhahi simbol wali songo.
Cunduk mentul biasanipun dipunpasang madhep wingking kang gadhahi teges menawi
estri punika kedah ayu radi ngajeng ugi wingking.
8.
Suweng


Selop
inggih punika selop ingkang dipundamel saking bahan
kulit kéwan, ingkang dipunolah ugi
wujudipun nutupi perangan racikan, pakeran,
suku ugi perangan tungkak kebukak. Selop
gadhahi makna inggih menika nyembah marang
Gusti Allah saking lair ngantos bathin.
b.
Jinising Ageman Estri
1.
Putri
Pinjung Kencong.
Ageman
punika dipunagem dening para putri raja ingkang yuswanipun langkung saking 8 taun, sakderengipun para
putri punika ageng. Para putri raja ngagem ageman celup, mekak, ugi ukel welah sawit ingkang dipuncaosi kokar
cunduk jungkat, cunduk mentul,
ugi perhiasan ingkang jangkep.
2.
Bedhaya
Dhodhot Klembrehan (ampil-ampil miyos bakda)
Ageman punika dipunagem dening para dayang
estri saking pejabat inggil kraton trep ing upacara ageng kraton. Para dayang
punika ngiringsultan ugi mbeta banda anggenipun raja.
3.
Putri Kebaya Cekak Dalam
Nalika ndampingi raja
kagem nyambut para rawuh wigati saking kraton, para putri raja ingkang taksih
lajang ugi taksih tumbuh ageng ngagem kabaya cekak ingkang dipunsulam ngagem benang ingkang
warninipun keemasan, dipuncaosi pelengkap konde ukel ageng ingkang dipuncaosi
hiasan godhong pandan. Para putri punika ngagem ageman bathik pola parang
(kayata Parangkusumo), kalung, anting-anting, cunduk jungkat, gelang.
4.
Putri Kebaya Panjang Dalem
Wonten acara Pasowanan
Ageng, para putri raja ingkang sampun gadhah garwa ngagem kebaya dawa, konde
ingkang wujudipun ukel ageng banguntulak, dipuncaosi hiasan sekar melati,
borokan aksesoris, ugi cunduk jungkat. Kebaya dawa punika dipuncaosi pelengkap
bros saktumpuk, kalung, anting-anting, ugi gelang. Ageman punika ugi dipunagem wonten upacara
mantenan.
D. Ageman
Temanten Jaler Gagrag Solo Estri
1.
Udheg
Udheng
basa ngokonipun iket utawi dipunsebat
blangkon, menawi
sampun dados kantun ngagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi
panganggen ingkang dipunagem kagem nutupi mustaka.
Udheng makaten lumrahipun kadamel
saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata
kawangun kanthi njlimet supados
rerengganipun kereng kanan sami,
lajeng
dipunjahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika
sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng
sampun dados kantun milih ukuran sarta
cakrik sekaranipun.
Kala rumiyin
tasih kalimrah udheng
anggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang
ukuranipun setunggal kau (taplak meja)
lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon
kanthi
tatacara ingkang kalimrah, aksampunipun
karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun
tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten
kangge lajeng dipun udari malih
a.
Peranganipun Udheng
1)
Kuncung
Inggih
menika awujud pucukipun iket, ingkang
mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika namung
wonten ing udheng cekok mondhol.
2)
Wiron
Inggih
menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun
wonten ngajenganipun udheng pas kiring lan kanan saknginggilipun alis
(ugi dipun sebat dhestar).
3)
Sunglon
Inggih
punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
4)
Kemadha
Inggih
punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiring kananipun udheng. Ingkang
lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
5)
Talingan
Inggih
punika peranganing udheng sisih kiring kanan ngandhap, radi melengkung supados
trep mapan sak nginggilipun talingan.
6)
Modangan
Inggih
punika asmaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten
sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
7)
Mondholan
Inggih
punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng
ingkang kapapanaken wonten
sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
8)
Pucuking
Udheng
Ing
sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan
(ingkang mangangge anggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani
cakrik kasatriyan (ingkang ngagem anggadahi raos Satriya)
Cakrik seratanipun sampun nedahaken
wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur ingkang
wonten untu walang. Cakrik perbawan punika minangka dasaring dhestar rikala ageman
tasih dados agemanipun
Karaton Surakarta.

b.
Patrapipun Angagem Udheng
Patrapipun anggenipun
ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring,
methongkrong menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan
wironing udheng wiyaripun setunggal
nyari.
c.
Filosofine Udheng
Supaya menungsa iku
sayogyane nggadahi pikiran kang kenceng, mboten gampang goyah, mung amargi
situasi utawa kahanan ingkang
mboten ndukung.
2.
Ageman
Kados
ingkang sampun kaaturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta
Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, awit saking kedadosan
wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun
Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng
dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X.Gandheng punika naming winates bab
rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing
Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng dalem
Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados
ing ngandhap punika.
a.
Atellah
Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud
jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing
tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit
sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran
dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
b.
Beskap
Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing
sisih tengah. Dene kapernah jaja
(dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiring sak pangandhap wonten
tiga. Dene sisih kanan jaja dipun
pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing
kiring, minangka pasren. Kadosdene atellah,
ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
c.
Sikepan
Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi
bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saged katutup
kakancingaken. Ing sisih kanan
bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minangka pasren. Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan
Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget
kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
d.
Langenharjan
Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun
kaliyan busana “Barat” inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas
kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking sakngandhap pengkeran ugi
dipun krowok. Dene rasukan ingkang
wonten nglebet wonten rangkep kalih.
Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg
manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
e.
Beskap Landhung
Beskap landhung punika
wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados
dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawi beskap landhung ugi
wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih
wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang
dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning
pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang
langkung 5 cm.
Panjangipun
kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
f.
Taqwa
Taksih wonten malih
ingkang perlu dipun mangertosiwontenipun
ageman mligi kagem Ratu utawi Nata inggih punika busana Taqwa. Busana
punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga, mligi kagem para Nata. Sak
punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap, namung ing
sisih ngajeng (jaja) tangkepipun panjang
dumugi ngandhap. Dene kulukipun kanigaran.
g.
Warnining Kulambi Utawi Rasukan
Warninipun busana ing
Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah kaliyan beskap. Tumrap
Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan pethak.
Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta. Dene beskap
kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu,
kuning gadhing ijem, lan sanesipun.
h.
Paugeran Pangageming Rasukan
1)
Ing
Karaton Surakarta
Sampun
dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing
pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun
bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi
limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng.
Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a)
Pisowanan
Ageng
1. Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH,
KP, KRA agemamnipun sikepan cekak
warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
2. Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT
agemanipun Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung
warangka Ladrang.
3. Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati
anom ingkang sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah
Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka
Ladrang, nganggar samir.
4. Abdi-dalem sanesipun
Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok
mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
b)
Pisowanan Padintenan
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra
sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten
cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku
damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah
pethak.
c)
Ing
sanjawaning Karaton
Busana
adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi
wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
3. Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge
nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun
ngantos mlorod temahan udhar.

Filosofi Setagen inggih menika nata awak supaya
tegap lan santun anggone unggah-ungguh.
Supaya
dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.
4. Sabuk

a.
Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis
sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika
1) Sabuk
Cindhe
2) Sabuk
Tenunan
3) Sabuk
Celupan
b.
Filosofi Sabuk
Kudu
bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed
supaya mboten kerja tanpa asil.
4. Epek Timang lan Lerep
Ingkang dipun wastani Epek menika
awujud setut ingkan kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM,
dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek ugi
wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa
dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper
ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge
nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.Timang (Gesper) sarta lerep,
limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah kepara
ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.
a.
Warni-warnipun Epek
Limrahipun
Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1) Epek
Polos
Epek punika kadamel saking bludru
polos, ulesipun wonten ingkang
warni biru, abrit, cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2) Epek
Blodiran
Limrahipun epek punika kadamel saking
bludru, lajeng dipun bolder
mawarni-warni. Wonten ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu,
wonten ingkang arupi sekaran ron
pakis.
3) Epek
Rambut
Inggih punika epek ingkang
kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
b.
Filososfi Epek lan Timang
Epek: Supaya biso kerja
kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nggadahi manfaat. Yen
luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. Timang: Ilmu kang dientukake kudu
dipahami kanthi jelas lan mboten ana rasa samang.
6. Sinjang utawi
nyamping
Sinjang
basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi
ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing
nginggil polok.
Kain
bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing
pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina
makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi
caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta
nglampahi pinten-pinten tataran.
a.
Warninipun Sinjang
Sinjang
limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot
langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang
limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan
ulesipun cemeng, dipun wastani Latar
Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani
“Bledhak” utawi latar putih.
b.
Filosofi Sinjang
Supaya
manungsa mboten gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke
kanthi cara apik lan mboten grusa-grusu.


Parang Truntum
7. Samir

a.
Wujud sarta wangunipun
Samir wujudipun arupi kain ingkang kawangun pesagi lan
panjangipun 1,2 meter. Dene wiyaripun 6
cm. Bahanipun kain karangkep lan kajahit, ing sisih suwalik warninipun abrit
polos, dene suwalikun warni dasaripun jene nanging pinggiripun kaplisir warni
abrit wiyaripun plisir abrit kirang langkung 1 cm, dene bongkot pucukipun samir
dipun pasangi gombyok kuning.
Jaman kala rumiyin bahan ingkang dipun angge damel
samir saking bahan ingkang dipun wastani “Kesting”. Dene sak punika kadamel saking bahan ingkang
setunggal jenis kaliyan kesting (kados
sutra) jalaran kain kesting sampun mboten wonten. Dene kala rumiyin gombyokipun kadamel saking
uliran kuningan, manawi sakpunika saking benang kuning ingkang karajut.
c.
Patrapipun
Ngagem Samir
Ing nginggil sampun kaaturaken bilih samir punika
minongka jangkeping busana adat Jawi ing Karaton Surakarta, tumrapabdidalem
punapa dene putra Santana dalem manawi sowan dhateng Karaton. Liripun ingkang sami sowan Keraton saksampuna
siaga manawi sakwekdal-wekdal tampi dhawuh ayahan, kadosta dados utusaning
praja, dados manggalaning lampah
8.
Duwung utawi Wangkiran
a.
Pangertosan
Dhuwung,
basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak
donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit,
rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
b.
Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
Ing ngajeng sampun
ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun lebetaken ing
wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”. Dados saking
njawi ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan
utawi keris.
Miturut wangunipun,
warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha cakrik
“Gayaman”
1) Warangka
Gayaman
2) Warangka
Ladrang
c.
Filosofi Dhuwung
Maknane yaiku anggone
nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu
manungsa nalika arep nindakake kabecikan.


9. Canela
a.
Pangertosan
Canela yaiku
selop utawa sandal kang nggadahi arti canthelna jroning nala.
b.
Filosofi
Yen nyembah gusti
Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning
Gusti Allah.

No comments:
Post a Comment